SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts · AAK culture library I Javanese Manuscripts ...

21
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 1 SERAT JANGKA RANGGAWARSITA JANGKA RANGGAWARSITAN .I. JAKA LODANG, II. KALATIDA, III. SABDA TAMA, IV. SABDA JATI, V. KALITIDA PININGIT, VI. WEDATAMA PININGIT. @@@ Ingkang ngimpun lan nyukani Centangan B.K. Cap-capan IV – 1961 Penerbit KELUARGA BRATAKESAWA jogjakarta supaya pada emut amawasa mbenjang jroning taun windu kuning kono ana wewe putih gagamane tebu wulung arsa angrabaseng wedhon (“Sabda_Tama” pada 15) PRASABEN ANGGEN KULA ngimpun lan ngedalaken serat “jangka” punika, boten jalaran kula rumaos mangertos dateng suraosipun, utawi boten sumedya ajak-ajak dateng para maos supados anggilut, langkung-langkung ajak-ajak gegan-geganen tanpa panimbang lan panglimbang, punika babar pisan boten. Tancebing sedya kula namung ngrecangi memetri ingkang nama kasusatran Jawi. Kawuningana, para linangkung ingkang yasa jangka sakawit punika saged ugi asalipun saking tampi “ilham” ingkang dipun-

Transcript of SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts · AAK culture library I Javanese Manuscripts ...

Page 1: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 1

SERAT JANGKA RANGGAWARSITA

JANGKA

RANGGAWARSITAN

.I. JAKA LODANG, II. KALATIDA, III. SABDA TAMA,

IV. SABDA JATI, V. KALITIDA PININGIT,

VI. WEDATAMA PININGIT.

@@@

Ingkang ngimpun lan nyukani

Centangan

B.K.

Cap-capan IV – 1961

Penerbit

KELUARGA BRATAKESAWA

jogjakarta

supaya pada emut amawasa mbenjang jroning taun windu kuning kono ana wewe putih

gagamane tebu wulung arsa angrabaseng wedhon

(“Sabda_Tama” pada 15)

PRASABEN

ANGGEN KULA ngimpun lan ngedalaken serat “jangka” punika, boten jalaran kula rumaos mangertos dateng suraosipun, utawi

boten sumedya ajak-ajak dateng para maos supados anggilut, langkung-langkung ajak-ajak gegan-geganen tanpa panimbang lan panglimbang, punika babar pisan boten. Tancebing sedya kula

namung ngrecangi memetri ingkang nama kasusatran Jawi. Kawuningana, para linangkung ingkang yasa jangka sakawit

punika saged ugi asalipun saking tampi “ilham” ingkang dipun-

Page 2: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 2

alami salebetipun ..... sagebyaring kilat. Amila tangeh lamun

sageda jelas jlentreh, destun titi mangsanipun kemawon terkadang mlesed.

Ingkang anggegelani manah punika, dene katah kemawon “jangka” susulan, ingkang asal-asalipun namung saking pangotak-atik utawi pangajeng-ajenging manahipun, terkadang angewahi utawi

mewahi jangka ingkang sampun wonten, dipun-akeni damelanipun piyambak utawi dipun awadaken damelanipun tiyang sanes.

Bab nyuraos ungeling “jangka’ punika pancen angel. Para sarjana sujana anggenipun nyuraos jangka punika asring kapirid saking pipindaning kawontenan, tuwin kapirid saking tetembunganipun

ingkang sinandi. Ingkang kapirid saking pipindaning kawontenan, kados ta ungel-

ungelan “begjane ula dahulu, cangkem silite anyaplok” (Sabda Tama 12) punika gampil pambatanganipun, inggih punika : tiyang ingkang mangro tinga. Sareng ungel-ungelan “ana wewe putih”

(Sabda Tama 15), punika punapa, kula trima jembit. Ingkang kapirid saking tetembunganipun ingkang sinandi, kados

ta : kala 10 – 1 – 1955 wonten satunggaling priyagung atitel Mr. nglahiraken pamanggih wonten ing madyaning papanggihan : ngalembana kawicaksananipun Ki Pujangga Ranggawarsita, awit

wontenipun ungel-ungelan “beda-beda ardane wong sanagara” (Katatida 2) tuwin ungel-ungelan “tyas riwut rawat dahuru, korup sinerung ing goroh” (Sabda Tama 4), punika dipun tegesi P.I.R.

(Wangsanagara lan Hazairin) kala samanten, punapa dene ngrebdanipun tindak korupsi punika. Apa tumon? Kula trimah jembit, jer sanes bangsanipun sarjana sujana.

Titi mangsa ingkang kasebut ing “jangka” pinika nuwun inggih boten sadaya gampil dipun tegesi. Kados ta tumrap ungel-ungelan

ing Jaka Lodang : “sirna tata estining wong” (1850), “nir sad estining urip” (1860, “wiku sapta ngesti ratu” (1877), “nembah nukswa pujangga ji” (1802) punika sadaya gampil dipuntegesi,

awit punika sengkalan limrah. Ananging ungel-ungelan ing Sabda Tama : “taun windu kuning” punika tegesipun ingkang boten gagap-gagap : kados pundi?

Page 3: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 3

Tumrap serat : “jangka” ingkang nama Kalatida Piningit tuwin

Wedatama Piningit, atur kula dateng para maos perlu kula ambali malih : sampun ngantos anggega lan kuwatos, amargi : a. Jangka wau sampun kliwat, tetela boten wonten punapa-punapa.

b. Snajan redi Merapi kala-kala bade kurda, nanging Pamarintah tansah anjagi lan damel ririgen saperlunipun.

c. Mirsanana centangan kula tumrap “jangka” wau ing kaca 34-35-36.

Ingkang ngimpun. Karangbolotan, akhir Juni 1957.

@@@

I. JAKA LODANG

B E B U K A

Ronggh jleg tumiba | gagaran santosa | wartane meh teka | sikara karoda | tatage tan katon | barang-barang ngerong | saguh tanpa

raga | katali katawar | dadal amekasi | tanda murang tata. G A M B U H

1. Jaka Lodang gumandhul | praptaning pang ngethengkrang sru

muwus | eling-eling pasti karsaning Hyang Widhi | gunung

mendhak jurang mbrenjul | ingungsir praja prang kasor. 2. Nanging awya kliru | sumurupa kanda kang tinamtu | nadyan

mendak mendaking gunung wis pasti | maksih katon

tabetipun | beda lawan jurang gesong. 3. Nadyan bisa mbarenjul | tanpa tawing enggal jugrugipun |

kalakone karsaning Hyang wus pinasti | yen ngidak

sangkalanipun | sirna tata estining wong. S I N O M

1. Sasedyane tanpa dadya | sacipta-cipta tanpolih | kang reraton-

raton rantas | mrih luhur asor pinanggih | bebendu gung

nekani | kongas ing kanistanipun | wong agung nis gungira |

Page 4: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 4

sudireng wirang jrih lalis | ingkang cilik tan tolih ring cilikira.

2. Wong alim-alim pulasan | njaba putih njero kuning | ngulama mangsah maksiat | madat madon minum main | kaji-kaji ambataning | dulban kethu putih mamprung | wadon nir

wadorina | prabaweng salaka rukmi | kabeh-kabeh mung marono tingalira.

3. Para sudagar ingargya | jroning jaman keneng sarik | marmane

saisiningrat | sangsarane saya mencit | nir sad estining urip | iku ta sengkalanipun | pantoging nandang sudra | yen wus tobat tanpa mosik | sru nalangsa narima ngandel ing suksma.

MEGATRUH

1. Mbok parawan sangga wang duhkiteng kalbu | jaka Lodang

nabda malih | nanging ana marmanipun | ing weca kang wus

pinesthi | estinen murih kelakon. 2. Sangkalane maksih nunggal jamanipun | neng sajroning

madya akir | wiku Sapta ngesthi Ratu | ngadil parimarmeng

dasih | ing kono kersaning Manon. 3. Tinemune wong ngantuk anemu kethuk | malenuk samargi-

margi | marmane bungah kang nemu | marga jroning kethuk

isi | kencana sesotya abyor.

CENTANGAN (1). Bubukanipun serat “Jaka Lodang” punika mesi sandi-sama.

Wiwitaning garis mangadep mungel “Ranggawarsita basa Kadaton”, dening pungkasaning garis mangandap mungel “Basa Kadaton Ranggawarsita”.

(2). Limprahipun serat “Jaka Lodang” inggih namung dumugi sekar Megatruh pada angka 3 punika. Nanging serat “Jaka Lodang”

wedalan “Maha Dewa” tanpa bubuka, sarta wewah sekar Asmaradana kados ing ngandap punika :

ASMARADANA 1. Ingkang bisa nemu iki | nora saben sok uwanga | kudu ana

pilihane | kang weruh jangkaning jaman | eling kanti waspada |

Page 5: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 5

tindak tuwajuh lan jujur | ingkang antuk kamurahan.

2. Aywa sira banjur wedi | samar nora kapanduman | elinga marang kodrate | Pangeran luwih kuwasa | adil tanpa upama | sapa angestokna dawuh | sayekti antuk nugraha.

3. Nugrahanira Hyang Widi | tan kena kinira-kira | margane sewu dadalane | Yogja den sebar darana | aywa kasesa-sesa | grusa-grusu narung binuh | ngrusakke tanceping tekad.

WEWAHAN

Wonten serat Jaka Lodang ingkang sanes yasanipun Ki Pujangga R.Ng. Ranggawarsita, isi sekar : (1) Dandanggula, (2) Pangkur, (3)

Maskumambang, (4) Kinanthi, (5) Blabak, (6) Pucung, (7) Mijil, (8) Durma, (9) Asmaradana, (1)) Gambuh, (11) Sinom, (12) Megatruh, (13) Pututgelut, sami nigang pada gunggung 39 pada.

Ing wiwitanipun pupuh Gambuh inggih mungel, “Jaka Lodang gumandul, praptaning pang ngetangkrang sru wuwus sami kados

Jaka Lodang hiyasan Ranggawarsitan. Nanging inggih namung 2 pada lingsa ing sekar Gambuh punika kemawon ingkang sami kaliyan “Jaka Lodang” Ranggawarsitan. Sanes-sanesipun boten

wonten ingkang sami. Dene isinipun serat wau ringkesipun kados ing ngandap punika :

Ken Limaran ing Dekah Dadapan nyapu, nanging tansah pulih malih larahanipun. Lajeng ngucapaken pasang giri : sinten ingkang

saged nulungi damel resik, yen priya dadosa jatu-krama, yen wanita dadosa saderek sinarawedi.

Jleg, wonten wanara nama Jaka Lodang : dateng tanpa sangkan, sage ngleksanani pasang-giri wau. Ken Limaran lajeng dados simahipun Jaka Lodang. Ing wanci dalu, Jaka Lodang meling

dateng simahipun, supados enjingipun ngintun dateng sabin, piyambakipun bade anggaru.

Enjingipun, Ken Limaran ngintun sayektos, nanging Jaka Lodang boten woten ing ngriku. Lajeng katungka Raden Putra (Panji Ino Kartapati) kanti punakawan, Ki Jodehsanto, rawuh ing ngriku, nitih

Page 6: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 6

kuda. Ken Limaran katantun bade kapundut garwa : purun.

Wusana Jaka Lodang jleg dateng. Raden putra trangginas bade ngayati jemparing, Jaka Lodang

lajeng prasaja, yen piyambakipun punika dutaning Dewa, kinen manggihaken Ken Limaran kaliyan Raden Putra. Sampun pinasti jodo, benjing saged nurunaken ratu salebetipun pitung jaman.

Jaka Lodang lajeng medaraken “jangka” salebetipun pitung jaman punika.

Pungkasanipun serat punika wau (sekar pututgelut) ungelipun : Prapteng kono jangkane wus titi | pama gancaring wayang |

carangane kang dinapur | neng jroning rat Jawa | tekeng jaman wekasan | trahira tumaruntun.

Punika ngewrat sandi-asmaning pangriptanipun, manggen wonten ing pungkasaning garis, mungel : “Tiyang Purwasantun” (= Purwasari, Surakarta), inggih punika K.R.T. Tandanagara Bupati

Nayaka, pangiketipun nalika taksih asma R.T. Suradipura Buoati Anom.

Panjenenganipun rumiyin asmanipun M.Ng. Reksadipraja inggih Ki Jagawigata.

Serat wau nalika kaecap lan kawedalaken dening pangecapan Mardi Mulya ing Ngayogjakarta (± taun 1922) kanamakaken, serat Jaka Lodang. Sareng kawedalaken dening Toko Buku “Sadu Budi”

sarta kaecap ing pangecapan “Marseh” Surakarta, (taun 1940) kanamakaken serat “Jangka Ketek Ogleng”.

Pancen lampahing cariyos ing serat punika wau sairib kaliyan lampahing cariyos tontonan kala jaman alitan kula, ingkang nama tontonan Ketek Ogleng. Bedanipun : Ing tontonan Ketek Ogleng,

ingkang dipun kintun punika Raden Putra, ingkang ngintun anama Endang Lara Tompe. Wonten ing margi pun Endang dipun begal dening Ketek Ogleng, salajengipun pun ketek kaprajaya dening

Raden Putra. Wasana nyumanggakake.

Page 7: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 7

@@@

II. K A L A – T I D A

S I N O M 1. Mangkya dalajating praja | kawuryan wus sunya ruri | rurah

pangrehing ukara | karana tanpa palupi | atilar silastuti | sujana sarjana kelu | kalulun kalatida | tidhem tandhaning dumadi | ardayeng rat dene karoban rubeda.

2. Ratune ratu utama | patihe patih linuwih | pra nayaka tyas raharja | panekare becik-becik | parandene tan dadi | paliyasing Kala Bendu | malah sangkin andadra | rubeda kang

ngriribedi | beda-beda ardane wong sanagara. 3. Katatangi tangisira | sira sang parameng kawi | kawilet ing

tyas duhkita | kataman ing ren wirangi | dening upaya sandi |

sumaruna anarawung | pangimur manuara | met pamrih melik pakolih | temah suka ing karsa kurang wiweka.

4. Kasok karoban pawarta | bebaratan ujar lamis | pinudya

dadya pangarsa | wekasan malah kawuri | yen pinikir sayekti | mundhak apa aneng ngayun | andhedher kaluputan | siniraman banyu lali | lamun tuwuh dadi kekembanging beka.

5. Ujaring paniti-sastra | awawarah asung peling | ing jaman keneng musibat | wong ambeg jatmika kontit | mengkono yen niteni | pedah apa amituhu | pawarta lalawara | mundhak

angreranta ati | angurbaya ngiketa cariteng kuna. 6. Keni kinarya darsana | panglimbang ala lan becik | sayekti

akeh kewala | lelakon kang dadi tamsil | masalahing ngaurip |

wahananira tinemu | temahan anarima | mupus pepesthening takdir | puluh-Puluh anglakoni kaelokan.

7. Amenangi jaman edan | ewuh aja ing pambudi | milu edan

nora tahan | yen tan milu anglakoni | boya kaduman melik | kaliren wekasanipun | ndilalah karsa Allah | begja-begjane kang lali |

8. luwih begja kang eling lawan waspada. 9. Semono iku bebasan | padu-padune kepengin | enggih

mekoten Man Doblang | bener ingkang angarani | nanging

sajroning batin | sajatine nyamut-nyamut | wis tuwa arep apa |

10. muhung mahas ing asepi | supaya ntuk pangaksamaning Hyang Suksma.

Page 8: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 8

11. Beda lan kang wus santosa | kinarilan ing Hyang Widhi | satiba malanganeya | tan susah ngupaya kasil | saking mangunah prapti | Allahu paring pitulung | marga samaning titah | rupa sabarang pakolih | parandene maksih taberi

ikhtiyar. 12. Sakadare linakonan | mung tumindak mara ati | angger tan

dadi prakara | karana riwayat muni | ikhtiyar iku yekti |

pamilihing reh rahayu | sinambi budi daya | kanthi awas lawan eling | kanti kaesthi antuka parmaning Suksma.

13. Ya Allah ya Rasulullah | kang sipat murah lan asih | mugi-mugi aparinga | pitulung kang anartani | ing alam awal akhir | dumunung ing gesang ulun | mangkya sampun awredha | ing wekasan kadi pundi | mula mugi wontena pitulung tuwan.

14. Sageda sabar santosa | mati sajroning ngaurip | kalis ing reh aruraha | murka angkara sumingkir | tarlen meleng malat sih |

15. sanityaseng tyas memasuh | badharing sapu dhendha | antuk mayar sawetawis | borong angga sawarga mesi martaya.

CENTANGAN :

(1) Sasumerep kula serat-serat “Kalatida” cap-capan, ing pada 1 garis 1 punika sami kaserat “Mangkya dreajating praja”, namung “Kalatida” wedalan Pustaka Nasional Surabaya kaliyan

serat punika ingkang kaserat “Mangkya dalajatingpraja”. Kinten-kula leres “dalajat”, amargi darajat ateges : ngalamat.

(2) Woten serat “Kalatida” ingkang ing pada 1 garis 5-6-7 punika mungel : “ponang parameng kawi, kawilet ing tyas malat-kung, kongas kasudranira”.

(3) Serat “Kalatida” seratan tangan kagunganipun R.Ng.

Dwijawiyata, pensiunan Kepala Sinder pamulangan ing Ngayogyakarta, wonten 13 pada. Inggih punika : saderengipun mungel “Mangkya darajating praja” mungel

makaten : Wahyaning arda rubeda | ki pujangga amengeti | mesu cipta

mati raga | medar warananing gaib | ananira sakalir |

ruweding sarwa tumuwuh | wiwaling kang warana | dadi

badaling Hyang Widi | amedarken pari-bawaning bawana.

Page 9: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 9

Miturut keterangan ingkang kagungan, serat “Kalitida” 13 pada

wau ugi sampun nate kaecap ing Surakarta, panjenenganipun asli nurun ingkang sampun cap-capan wau.

(4) Sadaya serat “Kalitida” ing pada pungkasan garis pungkasan, mungel : borong angga suwarga mesi martaya, punika mesi sandi-asmanipun ingkang mangripta (R.Ng. Ranggawarsita).

WEWAHAN :

Woten serat nama “Kalabrasta” nanging dereng nate kawedalaken warni serat mirungan, nalika ± taun 1910 nate kaewratwoten ing ari-warti “Darma Kanda” Surakarta, ± taun1930 nate kaewrat

wonten ing ari warti :Sedya Tama” Ngayogyakarta. Ing jaman merdika punika nate kawedalaken awor serat-aerat jangka sanesipun, dados sabuku. Tuwin nate kaewrat wonten ing kala

warti “Panyebar Semangat” Surabaya. Serat “Kalabrasta” punika sekaripun Sinom kados “Kalatida”

katahipun inggih 12 pada kados “Kalatida”. Bokmanawi ingkang ngripta dereng nate mrangguli “Kalatida ingkang 13 pada. Dene suraosipun angosok-wangsul serat Kalatida. Ing pada pungkasan

mungel makaten : Ilang kasmalaning nusa | yen minum tirta martani | warsitaning

Kalabrasta | sirna sagunging prihatin | pan ing mangkya wus

wanci | pambudi kamulyan umum | aywa katungkul pada | ambudi

ajining diri | kang amangun dwijaning atmaja tama.

Ing garis pungkasan “kang amangun dwijaning atmaja tama” punika mesi sandi asmaning pangarangipun, inggih punika

saderek Mangunatmaja, tilas lurah ing Karangwungu, bawah kabupaten Klaten, panuntunipun paguron “Sarekat Abangan”, kasebut ing serat “Falsafah Sitijenar” wedalan Kulawarga

Bratakesawa. Dados pangarangipun serat “Kalabrasta” punika priyantun jaman

sapunika kemawon. Suraosipun : manawi para saderek Jawi sami kersa necep kawruh Sarekat Abangan (+minum tirta martani) bade sirna sadaya prihatos lan bebendu ing tanah Jawi punika. Para

necep kawruh wau sinebut atmaja tama. Makaten punika

Page 10: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 10

panganggep lan pangajapipun sang dwija ingkang yasa serat

“Kalabrasta” kala taun...... ± 1910.

@@@

III. SABDA TAMA

G A M B U H

1. Rasaning tyas kayungyun | angayomi lukitaning gambuh | nyambi-wara kalawan eninging ati | katenta kudu pitutur | sumingkir ing reh tyas mirong.

2. Den samya amituhu | ing sajroning jaman Kala-bendu | yogya sami nyunyuda ardaning ati | kang nuntun mring pakewuh | uwohing panggawe awon.

3. Ngajapa tyas rahayu | ngayomana sasameng tumuwuh | wahanane ngendhak angkara klindhih | ngendhangken pakarti dudu | dinuwa luwar tibeng doh.

4. Beda kang ngaji mumpung | nir waspada rubedane tutut | akinthilan tan anggop anggung tut-wuri | korup sinerung ing agoroh.

5. Ilang budayanipun | tanpa bayu weyane ngalumpuk | sakciptaning wardaya ambabayani | ubayane nora payu | kari ketaman pakewoh.

6. Rong asta wus katekuk | kari ura-ura kang pakantuk | dandanggula lagu palaran sayekti | ngluluri para leluhur | abot ing sihing swami karo.

7. Galap gangsuling tembung | Ki Pujangga panggupitanipun | rangu-rangu pamanguning reh harjanti | tinanggap prana tumambuh | katenta nawung prihatos.

8. Wartine para jamhur | pamawasing warsita tanpa wus | wahanane jaman owah angowahi | yeku sangsaya pakewuh | ewuh-aya kang linakon.

9. Sidining Kala-bendu | saya ndadra ardaning tyas limut | nora kena sinirep limpating budi | lamun durung mangsanipun | malah sumuke angrandon.

10. Tatanane tumruntun | panutaning tyas angkara antuk | kala-desa wenganing karsa kaeksi | limut kalimput angawut | mawut sangyaning dumados.

11. Ing antara sapangu | pangungaking kahanan wus mirut |

Page 11: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 11

morat-marit panguripane sesami | sirna katentremanipun |

wong udrasa sa-nggon-enggon. 12. Kemat isarat lebur | bubur tanpa daya kabarubuh | paribasan

tidhem tandhaning dumadi | begjane ula dahulu | cangkem

silite anyaplok. 13. nDungkari gunung-gunung | kang geneng-geneng padha

jinugrug | parandene tan ana kang nanggulangi | wedi

kalamun sinembur | upase lir wedang umob. 14. Kalonganing kaluwung | prabanira kuning abang biru |

sumurupa iku mung soroting warih | wawarahe para Rasul |

dudu jatining Hyang Manon. 15. Supaya pada emut | amawasa benjang jroning taun | windu

kuning kono ana wewe putih | gagamane tebu wulung | arsa

angrebaseng wedhon. 16. Rasane wes karasuk | kesuk lawan kala mangsanipun |

kawisesa kawasanira Hyang Widhi | wahyaning wahyu

tumelung | tulus tan kena tinegor. 17. Karkating tyas katuju | jibar-jibur adus banyu wayu |yuwanane

turun-temurun tan enting | liyan praja samya sayuk |keringan

saenggon-enggon. 18. Tatune kabeh tuntunm | lelarane waluya sadarum | tyas

prihatin ginantyan suka mepeki | wong ngantuk anemu kathuk

| jro mesi dinar sabokor. 19. Amung padha tinumpuk | nora ana rusuh colong jupuk | raja

kaya cinancangan aneng njawi | tan ana nganggo tinunggu |

parandene tan cinolong. 20. Diraning durta katut | anglakoni ing panggawe runtut | tyase

katrem kayoman ayuning budi | budyarja marjayeng limut |

amawas pangesthi awon. 21. Ninggal pakarti dudu | kadarpaning parentah ginugu | mring

pakaryan saregep temen nastiti | ngisor dhuwur tyase jumbuh

| tan ana waon winaon. 22. Ngratani sapraja agung | keh sarjana sujana ing kewuh | nora

kewran ing wicara agal alit | pulih duk jaman rumuhun | tyase

teteg teguh tanggon. CENTANGAN :

(1) Serat “Sabda Tama” sekar Gambuh 22 pada ing nginggil punika wau mesi sandi asmanipun ingkang iyasa, manggon wonten ing wiwitaning pada, mungel : “Raden Ngabehi

Ranggawarsita ing Kedung Kol Surakarta-Adiningrat”

Page 12: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 12

(2) Sandi-asma punika pancenipun kenging kangge titikan ingkang permati, nanging emanipun katah sandi asma ingkang gadungan. Boten kirang-kirang serat waosan tembang ingkang wonten sandi asmanipun Ranggawarsitan ananging

sanes iyasanipun R.Ng. Ranggawarsita. Ugi woten “jangka” sekar Gambuh 5 pada mawi sandi asma

Ranggawarsitan gadungan, nate kaewrat wonten ing ari warti “Darma Kanda” ing Surakarta taun 1900 langkung welasan, ungelipun makaten :

1. Rong netra wus tumlakup | merem dipet ngatas mring Hyang

Agung | nyuwun uning wahananira ing wuri | byar sumilak

katon lugu | bakal ananing lalakon. 2. Galagate ing pungkur | wahanane jaman saya kisruh | akeh

laku kang sungsang bawana balik | wanodya yun ngarah luhur

| temah priyane keh asor. 3. Warnanen tyasing kakung | keh amirib pra wadon satuhu |

cupar memet wetuning butuh tinliti | wit samar paparingipun |

Hyang Suksma yen tan dumawoh. 4. Singlaring tyas puniku | nyudakaken tumuruning wahyu | sirna

gempang pangandele mring Hyang Widhi | marma jagade

barubuh | keh laku ingkang mbesejol. 5. Tatas katresnanipun | wonge cilik mring bangsa ngaluhur | wit

kang ngembat praja yekti kurang adil | akeh raja tinarungku |

ngono karsane Hyang Manon. Makaten ungeling “jangka” wau. Miturt kasumerepan kula, ingkang

andamel : salah satunggaling guru Sekolah Rakyat, asli Surakarta. Wusana nyumanggakaken.

@@@

IV. SABDO JATI

M E G A T R U H

Page 13: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 13

1. Hawya pegat ngudiya ronging budyayu | margane suka

basuki | dimen luwar kang kinayun | kalising panggawe sisip | ingkang taberi prihatos.

2. Ulatna kang nganti bisane kepangguh | galedehan kang

sayekti | talitinen awya kleru | larasen sajroning ati | den tumanggap dimen manggon.

3. Pamanggone aneng pangesti rahayu | angayomi ing tyas

wening | eninging ati kang suwung | nanging sejatining isi | isine cipta kang yektos.

4. Lakonana klawan sabar ing kalbu | yen obah-obah niniwasi |

kasusupan setan gundhul | ambebedung nggawa kandhi | isine rupiah kethon.

5. Lamun nganti korup mring panggawe dudu | dadi

pakuwoning iblis | mlebu ing alam pakewuh | ewuh pananinging ati | temah wuru kabesturon.

6. Nora kengguh mring pamardi reh budyayu | ayuning tyas

sipat kuping | kinepung panggawe rusuh | lali pasihaning Gusti | ginuntingan kaya mranos.

7. Parandene kabeh kang samya andulu | ulap kalilipen wedhi |

akeh wong kang padha sujud | kinira yen Jabarail | kautus dening Hyang Manon.

8. Yeng kang uning marang sejatining kawruh | kewuhan

sajroning ati | yen tan niru nora arus | uripe kaesi-esi | yen niruwa dadi asor.

9. Nora ngandel marang gaibing Hyang Agung | anggelar

sakalir-kalir | kalamun temen tinemu | kabegjane anekani | kamurahaning Hyang Manon.

10. Anuhoni kabeh kang duwe panuwun | yen temen-temen sayekti | Allah aparing pitulung | nora kurang sandhang bukti | saciptanira kelakon.

11. Ki Pujangga nyambi wara weh pitutur | saka mangunahing Widi | ambuka warananipun | aling-aling kang ngalingi | anglingkap temah katon.

12. Para jalma sajroning jaman pakewuh | kasudranira andadi | dahurune saya ndarung | keh tyas mirong murang margi | kasetyan wus nora katon.

13. Katuwane winawas dahat matrenyuh | kenyaming sasmita yekti | sanityaseng tyas malat-kung | kongas welase kepati | sulaking jaman prihatos.

Page 14: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 14

14. Waluyane mbenjang lamun ana wiku | mumuji ngesthi sawiji | sabuk lebu lir majenun | galibedan tudang tuding | anacahken sakehing wong.

15. Iku lagi sirep jaman Kala-bendu | kala-suba kang gumanti | wong cilik bisa gumuyu | nora kurang sandhang bukti | sedyane kabeh kelakon.

16. Pandulune Ki Pujangga durung kemput | mulur lir benang tinarik | nanging kaserang ing umur | andungkap kasidan jati | mulih sajatining enggon.

17. Amung kurang wolung ari kang kadulu | emating pati patitis | wus katon neng lokil makpul | angumpul ing madya ari | amerengi ri Budha Pon.

18. Tanggal kaping lima antaraning luhur | sela-ning tahun jimakir | talu uma aryang jagur | sengara winduning pati | netepi ngumpul sak enggon.

19. Cinitra ri Budha kaping wolulikur | sawal ing tahun jimakir | candraning warsa pinetung | sembah mukswa pejangga ji | Ki Pujangga pamit layon.

CENTANGAN (mirsani kaca 25) Manawi kula kapareng matur bares, sayaktosipun kula dereng

yakin manawi serat “Sabda Jati” punika hiyasanipun swargi R.Ng. Ranggawarsita, amargi miturut pangenyam-kula : beda kaliyan serat-serat sanesipun hiyasanipun swargi wau. Kinten kula “Sabda

Jati” punika damelipun saderek ingkang mewahi “Kalatida” dados 13 pada (mirsani kaca 14), sedyanipun ngluhuraken Ki Pujangga, dipun gambar-0gambar anggenipun saged miyak warana tuwin

lepas pandulunipun “mulur lir benang tinari”. Punapa inggih tampi ilham punika kados makaten gambaranipun?

Dene titikan ingkang gampil kita raosaken, inggih punika bab pamasanging sandi asma ing pada wiwitan, garis 1,2,4,5, punika boten manut patokan. Ingkang sampun-sampun, manawi Ki

Pujangga masang sandi asma sapada boten wonten ing wiwitaning garis punika, amesti dawah pedotaning wirama :

Aywa pegat ngudiya ronging baudyayu, manawi manut patokan

umpamnipun : aywa mirong ngudiya marang budyayu;

Page 15: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 15

Marganing suka basuki, manawi patokan umpananipun : den wrin

marganing basuki;

Dimen luwar kang kinayun, sampun leres.

Kalis ing panggawe sisip, manawi miturut patokan upamanipun :

ulah brata myang prihatos.

Ananging sarehning para sarjana sujana sami kagungan panganggep, bilih “Sabda Jati” punika karanganipun swargi, malah

pada 14 punika kadamel rerenggan banciking reca Ranggawarsita ing museum Sriwedari Surakarta, jalaran ungel-ungelan “galibedan tudang-tuding, anacahken sakebhing wong” punika kaangep

pralambangipun pemilihan umum, kula inggih namung nyumanggakaken.

@@@

V. KALA-TIDA PININGIT

S I N O M

1. Sinom susulan wirayat | Kala-tida kang piningit | calon kang gumantya nata | maksih sinengker Hyang Widi | ing ura-uru mbenjing | kang sumela dadya ratu | turune ping sadasa |

nutuigaken wibawa mukti | pangarange Dyah Behi Ranggawarsita.

2. Duk kalanira angarang | wonten Landi sing Ustenril | Wenen

nenggih kutanira | mlancong mring nagari Jawai | cekak minggah mring wukir | nyuwun premisi Sang Prabu | ningali kawahira | pucaking ardi Merapi | wangsulira pun tuwan asung

carita. 3. Dateng nJeng Gusti kaping pat | enget kula sangkalani | gusti

mbenjing ngesti nata | critane kang ardi mbenjing | kobong

wit saking agni | slira catur ngesti ratu | pecahing ardi sigar | Yogya Kedu risak sami | yen ing Sala risake mung sawatara.

4. Nulya nJeng Gusti kaping pat | pangandikanira aris | dumateng

Ranggawarsita | dulunen telenging ati | eningna aja gingsir | samdika umatur nuhun | Radyan Ranggawarsita | panca-driya kang kaesti | sapandurat tan antara ntuk wewengan.

5. Umatur leres pun tuwan mbenjing kalamun marengi | bade

Page 16: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 16

pecahing kang arga | lindu rambah kaping katri | punika pan

sayekti | kapara dados susungut | kirang pitung ri dina | pitulas dinten marengi | pitulikur punika sampun pungkasan.

6. Derenging ambles kang arga | model sakit kang nganehi |

mung sakedap nuli sirna | ing tanah Jawi meh wrdin | Sala Yogya akeni | lamine amung tri tengsu | wirayate wong wignya | nuju Panjengengan Aji | ping sadasa Nata krama ing

Ngyogya. 7. Pra pangreh ing Surakarta | katah sumelang ing galih | wasana

ngupaya mayar | angesti angga pribadi | kirang dwi warsa

mbenjing | kalawan pecahing gunung | yen wus praptaning jangka | pecahing ardi Merapai | njeblos mawut sumebar ya banjir lahar.

8. Yogya karatone ilang | pecahing ardi Merapi | tirta ndut Sala lan Yogya | pisan tan anunggali siti | tengahing ardi dadi | kali agung anjogipun | samodra ingkang wetan | kilen Praja risak

sami | ing Madura meg gatuk lan Surabaya. 9. nJeng Gusti malih ngandika | payo pada den-titeni |

pinengetan mbok-manawa | anak putu amenangi | sandika

Dyan Ngabehi | ing mbenjing sarenginipun | lawan ardi ing Clacap | ambles sareng ardi Merapi | rawa Pening kabeh kaurugan brama.

10. Risak tanah kilen Praja | katah jalma ingkang mati | antara mung panca dina | kobong ingkang para ardi | Gupermen anulungi | lawan praja liyanipun | durung kobong kang arga |

lindu sadina kaping tri | jamanira sapungkure Jayabaya. 11. Meksih ratu ping sadasa | iku ingkang amandiri | praja di ing

Surakarta | yen wirayat saking Jawi | taun Be ing wingking V

sangkalanira pinetung V netra ngesti raja V ing Mangkunagaran mbenjing V kasusahan tan suwe antuk ngapura.

CENTANGAN :

Mirsani centanganipun serat “Wedatama Piningit” ing kaca 34-35-36.

@@@

VI. WEDA-TAMA PININGIT

Page 17: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 17

PANGKUR

1. Sekar Pangkur pari purna | amedaraken weda-tama (kang)

piningit | mirib jangkaning pra jamhur | jamane Jayabaya | iku

mbenjang kang jumeneng madeg ratu | maksih putra ping sadasa | ingkang ngrenggani praja di.

2. Ingkang nutugna wibawa | wus ndilallah karsane Kang Luwih |

bareng lan jaman dahuru | keh janma nandang susah | wit kawrattan pranatanireng praja | larang boga miwah sandang | katah kang nandang kaswasih.

3. Ya ta wonten resi Landa | asalira saking praja Ustentrik | Wanen kita krajanipun | mlancong mring tanah Jawa | sapraptanya nyuwun premisi Sang Prabu | sedya minggah

mring aldaka | pucaking wukir Merapi. 4. Arsa amriksani kawah | dupi sampun terang anggenya ningali |

wangsul sowan mring Sang Prabu | prelu atur uninga | praja

tanah Jawa mbenjang risakipun | jalaran saking aldaka | wukir Mearapi kang mesti.

5. Dupi ingkang arga sigar | apan dadi kali Tanggung raneki |

njog samodra ingkang kidul | Sang Nata dupi wus trang | sasmitaning dwija Landa gya dadawuh | dumateng Ranggawarsita | lan Gusti Mangkunagari.

6. Lah ta wa Ranggawarsita | apa nyata tuture swija Landi | Ranggawarsita amesu | ngeningaken panca-driya | anunuwun marang Iangkang Maha Luhur | katrima antuk wewengan | wus

luwar saking samadi. 7. Glis munjuk mring Sri Pamasa | nggih leres aturipun resi Landi

| mbenjing bade pecahipun | saderenge arga sigar | mawi gara-

gara kalangkung gengipun | lindu sadinten ping tiga | kapareng dados miwiti.

8. Duk samana sami terang | resi Landa gya pamit mring Sang Aji

| amundur pan nedya wangsul | mring Wanen kita raja | nanging mampir redi Clacap ciptanipun | kapriksa sawise terang | bareng bres lang gunung Merapi.

9. Duk samana sinengkalan | esti catur sabdanireng narpati | dene mbenjing pecahipun | Merapi ponang arga | wulan Sura taun Be sengkalanipun | wsti catur asta nata | Sang Nata

ngandika aris. 10. Payo pada tinitenan | mbok-manawa anak putu menangi | Nata

ping sanga ngadatun | kondur (nJeng) Mangkunagara | Raden

Ranggawarsita nderek tut pungkur | mring dalem

Page 18: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 18

Mangkunagaran | anjujug ing ujung puri.

11. Nutugna wirayatira | lawan Ranggawarsita Dyan Ngabehi | priye dadine ing mbesuk | matur Ranggawarsita | apan sampun pinasti karseng Hyang Agung | risakipun Surakarta |

karatin mbenjing ngalih. 12. Kacarita wetang bengawan | pan ing wana Ketangga dunung-

neki | mangsuli wirayat wau | bade pecah kang arga | apan

tirta amili campur lan endut | yogya karaton ilang | tuwin Kedu risak sami.

13. Rawa Pening ing mBarawa | mubal geni katah jalma ngemasi | kilen praja ugi katut | katah jalma pralaya | nanging, jaman punika mbenjing panuju | Si Narendra ping sadasa | ingkang ngrenggani praja di.

14. Yen wirayat saking Jawa | dupi woten penyakit nganeh-anehi | lamine tri wulan iku | wrata satanah jawa| pra kawula katah susah manahipun | kataman duhkitaning tyas | bareng lan

mangsa paceklik. 15. Tuwin panjenengan Nata | ping sadasa krama putri linuwih |

ngupaya lajering wahyu | daup putri Ngayogya | pun punika

timbul lajering karatun | ing tanah Jawa wus sirna | surem sunaring praja di.

16. Sengkalanira ingetang | netra nenem Narendra nitih esti | neng Gusti ngandika arum | lah kang Ranggawarsita | payo pada pinengetan jroning kalbu | wisiking propesor Landa | kalawan wisiking Jawi.

17. Apa cocog apa ora | nanging ingsun lan sira pasti tan wrin | marma kawrta ing sastra yu | dimen putra wayah | ingkang mesti bisa menangi sastra wruh | jaman ingkang wus kawedar

| supaya dadi pepeling. 18. Ilang kuwunging nagara | ingkang mengku praja ing wuri

mbenjing | ugi anandang wulangun | ananging datan lama |

antuk supangatira saking Hyang Agung | risakipun babar pisan | ing Surakarta praja di.

19. nJeng Gusti malih dawuhnya | marang Ranggawarsita Dyan Ngabehi | lah tutugna wirayatmu | kang kaweca ing jangka | Raden Ranggawarsita alon turipun | yen ing praja tanah Jawa | mulyane kalamun mbenjing.

20. Jumeneng Narendra | kaping kalih welas ingkang mandiri | bilih Nata ping sapuluh | ngalamat praja rengka | wit candrane narendra si Kala-mrecu | patihe Kala-wasesa |Kala-tida

jamaneki.

Page 19: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 19

21. Wong agung remen mbebahak | marang raja brananira wongcilik | ilang labeting budyayu | kisruh adiling Nata | pra kawula katah kang nandang margiyuh | kawrattan kang sapu-denda | kenging pajeg rupi kalih.

22. Katah gelaring kawula | kumpul-kumpul ting galubrag ting kacemil | pan wis ilang kemilipun | wit kapidih pranatan | ingkang ngasta pangadilan kwasa ngukum | wis pasrah mring

seje bangsa | pan wis makaten kang jangji. 23. Ing tanah Jawa ketaman | ingkang ngasta nyakra

(mang)gilingan (ra)neki | rikala kala jaman rumuhun | swarga

eyang paduka | tabe-tabe nJeng Sinuwun Sultan Agung | ketaman pranatanira | Juru-taman kang sayekti.

24. Puniku pinanggihira | ngantos mbenjing dumugi Nata kaping | sawelas Kangjeng Sinuwun | punika sadaya wrat | pra kawula katah susah manahipun | ananging punika jaman | mung sakedap meh ngengkoki.

25. Wangsule wahyu Nurbuwah | mulih mulya praja ing tanah Jawi | namung wus pindah kadatun | ing Surakarta risak | apan dadya wana tuwin dados dusun | santun praja ing Ketangga |

Nata kalih wlas mandiri. 26. Pulih gemah sarta harja | tata tentrem suka manahe tyang alit |

sirna kang samya laku dur | murah sandang lan pangan | wit

wong agung asih mring kawulanipun | gung paring dana tan kendat | murah pajegireng siti.

27. Sajung pajege satengah | tanpa uba-rampe lan biwit-biwit (?)| sirna ingkang raja pundut | tuwin pra luhur Jawa | pisah nggone saudara lan guprenur | kabeh ingkang bangsa sabrang | samya mulih sirna gusis.

CENTANGAN :

Serat “Kala-tida Piningit” punika anggen kula manggih wonten ing lacinipun redaksi ari warti “Sedya Tama” Ngayogya, kala taun 1930, awor naskah warni-warni ingkang dipun pekir. Wujudipun

inggih cekak namung 11 pada sekar Sinan punika. Dene serat “Weda-tama Piningit” punika anggen kula nurun

kangunganipun R. Dibyaharjiya ing Ngayogya, kala taun 1951, seratan latin tik-tikan. Panjenganipun nurun saking pundi, kulo boten nyuwun katrangan, ananging kula saged nginten-inten : asal

usulipun saking “Wedda-tama Piningit” aksara Jawi cap-capan.

Page 20: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 20

Amargi kala taun ± 1940 kula sampun nate sumerep serat wau

ingkang cap-capan kadasaraken wonten sangajengipun Hotel Pasar Pon Surakarta, ananging kula boten nyatitekaken sinten Penerbitipun, kaecap ing pundi, taun pinten ngecapipun.

Serat warni kalih punika wau kula katutaken wonten ing serat “Jangka Ranggawarsitan” amargi wonten ing serat-serat ngriku ugi

kasebutaken makaten. Ananging sinten kemawon saged mastani bilih serat-serat wau sanes yasanipun swargi Ranggawarsita. Kirang langkungipun wicalan wanda sekar, ingkang kula sukani

tanda, saged dipun awadakane bokmanawi saking lepatipun nurun, ananging miturut pangenyam kula wonten titikanipun makaten :

a. Pangarangipun dereng kulina ngarang, kacihna wadag wadehing damelanipun. b. Pangarangipun boten katah kawruhipun, kacihna anggenipun

mastani tiyang Ustentrik : Landi, tuwin gadah panginten bilih Clacap utawi Tlacap (Kt.Pin. pada 9, Wt.Pin. pada 8) wonten redinipun latu. Bokmanawi ingkang dipun kajengaken punika redi

Krakatau. c. Pun pangarang kirang mangretos kraton Sala, kacihna

anggenipun nyebut lan ngrumpaka imbal sabdanipun S.D.I.S.

Kangjeng Susuhunan, K.G.P.A.A. Mangkunagara, tuwin R.Ng. Ranggawarsita : boten kantenan. d. Pun pangarang gesang salebetipun abad 20 Masehi, kacihna

ing Kt.Pin. wonten tembungipun : permisi, model, gipermen (pada 2-6-10); ing Wt.Pin. wonten tembungipun premisi, penyakit, propesor, guprenur (pada 3-14-16-27).

Miturut keterangan kula, sumiyaripun “jangka” punika wau anyarengi sumiyaripun pawartos bilih S.D.I.S. Kangjeng Susuhunan

PB X bade daup akaliyan putri dalem S.D.I.S. Kangjeng Sultan HB VII. Pun pangarang ngenta-enta sinten ingkang bade jumeneng PB XI benjing, tuwin ngenta-enta lalampahan manawi pikraman wau

saestu kalampahan, ingkang sajakipun pun pangarang boten nyuwaweni. Dene daup dalem PB X akaliyan putri dalem HB VII ingkang lajeng kajumenengaken G.K.R. Emas punika saestu

kalaksanan nalika 17 Besar Jimawal 1845 (29-10-‘ 15). e. Panginten kula Kt. Pin. punika wedalipun ngrumiyini, lajeng

dipun monceraken dening pangarangipun Wt. Pin. mawi kaewahan

Page 21: SERAT JANGKA RANGGAWARSITA - Javanese Manuscripts ·  AAK culture library I Javanese Manuscripts  AAK culture library ...

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library I Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 21

lan kawewahan miturut sakajengipun piyambak, kados ta :

(1). Kt. Pin. “kali agung” (pada 9) = lepen ageng, ing Wt. Pin. ewah dados “kali Tanggung ranireki” (pada 5) = lepen anama Tanggung.

(2). Kt. Pin. “netra nem ngesti raja” (pada 11) = taun Jawi 1862, ing Wt. Pin. Ewah dados “netra nenem narendra nitih esti” (pada 16) = taun .......(?).

(3). Kt. Pin. Nyariyosaken datengipunsarjana Ustenrik punika kala jamanipun P.B. IX, M.N. IV lan Ranggawarsitan, kala taun Jawi “benjing gusti ngesti nata” (pada 3) = taun ....... (?); sarjana wau

ameca panjeblugipun redi Merapi ing taun Jawi “slira catur ngesti ratu” (pada 3) = tahun 1848; ananging manawi miturut wirayat Jawi panjeblugipun ing taun Jawi “netra nem ngesti raja” (pada 3) = taun

1862, pinuju krama dalem P.B. X daup putri Ngayogya. Dene ing Wt. Pin. kacariyosaken bilih datengipun sarjana Ustenrik punika ing taun Jawi “esti catur sabdanireng narpati” (pada 9) = taun

1748, panjeblugipun redi Merapi ing taun Jawi “esti catur asta nata” (pada 9) = taun 1848, manawi miturut wirayat Jawi ing taun Jawi “netra nenem narendra nitih esti” (pada 16) = taun ...... (?), ugi

wekdal krama dalem P.B. X daup putri Ngayogya. Centangan : Kala taun Jawi 1748 punika dereng jaman P.B. IX, M.N. IV lan Ranggawarsitan, inggih punika jaman P.B. V, M.N. II lan Yasadipura

I-II. (4). Taun Ebe (Be) ingkang kasebut ing Kt. Pin. pada 11 punika

sampun terang lepat panuruhipun, leresipun Eje (Je). Dene

tembung “kilen praja” (Kt. Pin pada 8 , Wt. Pin pada 13) punika bokmanawi rumiyin mungel “kilen Praga”.

Wusana nyumanggakanen.

@@@